Yen tak rasa,
Ra kuwasa rasa jroning ati
Tansah kelingan kembanging netra
Nggodha aku rina wengi
Pancen nyata
Yen si rupa ora mitayani
Nanging aku wis kebacut tresna
Angel nggonku angoncati
Pamujiku mbok bisa-a katekan setyamu
Katresnanku…..Ditimbangi……
Tresna kang satuhu
Kaya ngapa,
Iba bungah rasa jroning ati
Katekan setyaku tanpa aral
Begja nggonku urip iki