Wis tak tompo nawalane
Surasane uga wus mangerti
Warna-warna pamuwuse
Temahane bisa ndudut ati
Ngantio tekan seprene
Soyo gawe ewuhing pambudi
Nggonku kirim wangsulane
Sing mestine dewe’e ngenteni
Nora gampang
Senanjanto mung nuliso layang
Mrih bahagyan,
Yen diwoco wong kang lagi nandang
Ora sepiro ujude
Dirasakno abote kepati
Nawala mung dluwang wae
Di buwango, anggondeli ati