Bawa :
Janji katon manah kulo rujit
Nora koyo kang kinaryo lejat
Kejaba yen lenggah jejer
Ugelira sekar tanjung
Cecunduke rebulus siji
Rekmo ngemak tur panjang
Tapih bang pininjung
Yen lumampah lenjang-lenjang
Sapa wonge aningali nora gonjing
Andeleng kang aning jojo ....
Yen ing tawang ana lintang cah ayu
Aku ngenteni tekamu
Marang mega ing angkasa nimas
Sun takokne pawartamu
Janji-janji aku eling cah ayu
Sumedot rasaning ati
Lintang-lintang ngiwi-ii .. nimas
Tresnaku sundhul wiyati ...
Dek semana ...
Janjimu disekseni ...
Mega kartika ..
Kairing rasa tresno asih ...
Yen ing tawang ana lintang cah ayu
Rungokno tangising ati ...
Binarung swaraning ratri ... nimas
Ngenteni mbulan ndadari ...