Lirik Lagu Stb. KEMBANG MELATI

Tetesing embun ...
Wis meh wanci bangun esuk
Koyo nyiram tukuling
Kembang-kembang mlati ...

Ooo kembang mlati
Warnamu kang edi peni
Putih anggambar wangi
Bisa temen angrujit ati

Tukul ngrembuyung
Godong lan kembangmu mlati
Katon seger semine
Kembangmu sing mekar ...

Eman sinawang
Yen nganti di saba kumbang
Nyesep madu sarimu

Datan wonten kang sami ngguyu