Lirik Lagu NYIDAM SARI

Umpama sliramu sekar mlathi
Aku kumbang nyidam sari
Upama siliramu margi wong manis
Aku sing bakal ngliwati ...

Sineksen lintange wluku semana
Janji pra setyaning ati
Tansah kumanthil ning netra rinasa
Karasa rarasing driya

Midera sak jagad raya ... kalingana
Wukir lan samodra ...
Ora ilang memanise .. adhuh
Dadi ati selawase ....

Nalika nira ing wengi atiku
Lam lamen si rupa ayu
Nganti mati nora bakal lali

Lha kae lintange mlaku ...