Lirik Lagu DONGENGAN

Sinten purun kula dongengi
Dongenge sedulur ndhesa
Sugih sawah lan sugih pari
Ayeman ati ora murka

Ageng labuhe dateng negari
Rupa arta lan rupa banda
Jaman gerilya ing nguni ...
Tiang kutha ngungsi teng ndhesa ....

Si kakang lan mbakyu sing nampi
Lahir batin suka lan rila
Njamin panggenan lan jamin tedi
Luwong sanadyan cara ndhesa

Kocape biyen nalika kuwi
Sapa wonge pada rumangsa
Terima kasih ... batine muni ...

Suk yen aman ... walesku apa ....

Tutuke dhongengku niki
Indonesia pun merdhika
Dikanteni tatanan adi
Ngajeni mring padha manungsa

Welinge sing ndhongenke iki
Yen kakang lan mbakyu teng kutha
Walese aja nganti lali ..
Lan aja di sia-sia ....