Lirik Lagu BEBOYO ING MARGO

Malam Minggu kutho Solo pancen rame
Abang biru sepeda motor sak wernane
Pating sliwer kaya padha rebut banther
Ora bener tanpo tanda waton minger ...

Jo sembrono gatekno tondo ing margo
Do elingo bebayo kang nggondol nyawa
Para muda keh akehe tanpo duga
Dupeh bisa ora eling mring bebaya ....

Tumrap para pengemudi apa wae
Dha nindakno lalu lintas praturane
Gambar cumplung njaban kutho wigatekno
Aja nbambung mlebu kutho den alono ....

Praturane lalu lintas satemene ...
Mamrihake keslametan sapa wae
Mindhah ngene yen tho pada nindakake

Negarane tata harjo lan tentreme ....