Lirik Lagu ANDHENG-ANDHENG

Andheng-andheng cedhak alis jarene
Klilipan wae kok manis
Yen manggone ana pipi jarene
Manise yen diusapi ....

Andheng-andheng ana bathuk jarene
Manise yen manthuk-manthuk
Yen manggone ana janggut jarene
Manise yen manggut-manggut

Padhune katuju karsa
Entek amek pangaleme
Dirumpaka warna-warna
Entek amek ukarane

Andheng-andheng ana gulu jarene
Manise yen sambat ngelu
Yen manggon ning lathi niku jarene
Eseme ngungkuli madu