Lirik Lagu ALI - ALI

Bawa Mijil :

Gelang driji .....
Jare ali-ali ...
Yen diagem nyolok ...
Bisa kanggo jogo .. gaden ...
Bisa kanggo pangiket atiii ....

Lamun imitasi tresnane yo palsu ...

Ali-ali iki ,,,
Jane dadi tetalining ati ...
Naliko prasetyo lan kondho
Pada-pada tresno ...

Ali-ali iki ...
Ditengeri wong kang ditresnani ...
Yen kangen sawangen lilingen
Ati bakal maarem ...

Nadyan kahanane ra dhuwe
Ojo digadekake ....
Luwih becik utang selang ...
Tinimbang ... ali-ali bakal ilang ...

Ali-ali iki ...
Amung siji ning di aji-aji ...
Ra mingsro regane ...
Sing dadi ... piye riwayate ...