Lirik Lagu AJA LAMIS

Aja sok gampang janji wong manis
Yen tho amung lamis
Besik aluwung prasojo nimas
Ora agawe cuwo

Tansah ngugemi tresnamu wingi
Jebul amung lamis
Kaya ngenteni thukuling jamur
Ing mongso ketigo

Aku iki prasasat
Lara tan anthuk jampi
Mbok aja amung lamis kang uwis
Dadine banjur didis

Akeh tuladha kang demen cidra
Uripe rekasa
Milih sawiji endi kang suci
Tanggung bisa mukti