Lirik Lagu PUTRA NUSWANTORO

Anakku sing bagus dhewe
Besok pinter sekolahe
Yen wis biso nyambut gawe
Kudhu mlaku sakmesthine

Cup menengo ngger anakku
Ojo pijer nangis wae
Anakku sing bagus dhewe
Besok pinter sekolahe

Cup menengo ngger anakku
Sing tansah tak domo-domo
Dadio satrio tomo
Labuh marang nuso bongso

Enggal menengo anakku
Welaso marang ibumu
Didawuhi kudu nggugu
Biso gawe mareme atiku

Adoh dumunge bapakmu
Ngayahi kewajiban luhur
Yen wis rampung mesthi kondur
Nuswantoro subur makmur