Lirik Lagu B L I T A R

Blitar kutho cilik sing kawentar
Edi peni gunung Kelud sing ngayomi
Blitar jaman Jepang nate gempar
Peta brontak sing dipimpin Supriyadi

Blitar nyimpen awune sang noto
Majapahit aneng Candi Penataran
Blitar nyimpen layune Bung Karno
Proklamator lan presiden kang kapisan

Ono crita jare patih Gajahmada
Ingkang bisa nyawijekne nuswantara
Lan uga Bung Karno sing kondang kaloka
Eneng tlatah Blitar lahir cilik mula

Ora mokal blitar dadi kembang lambe
Ora mokal akeh sing pada nyatakne
Yen ta geni murup ake semangate

Yen ta banyu ngumpulake patriote